Contoh teks Sambutan Tuan Rumah- Berikut ini contoh
teks Kata Sambutan Tuan Rumah Bahasa Jawa,
mohon maaf apabila terdapat bahasa yang kurang pas/ tidak sesuai Dengan tingkatan
bahasanya.
Assalamualikum Wr.Wb.
Bismillah, alhamdulillah, laahaula wala quwwata illa billah, amma ba'du.
Dumateng poro 'alim ulama ingkang kawulo mulyaaken ugi
ingkang tansah kawulo ajeng-ajeng barokah ngilmunipun.
Dumateng panjenenganipun Almukarom romo kiyai haji,
ingkang kawulo mulyaaken.
Dumateng kepala desa sak jenjang perangkatipun ingkang
kawulo taati hukum-hukum pemerintahanipun
Dumateng poro kasepuhan desa ... ugi sedoyo bapak haji
ingkang kawulo hormati
Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati
Sepindah, monggo kito panjataken raos pujo dalah puji
syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten
rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun dumateng kito sedoyo sehinggo wonten ing dalu/siang
puniko kito saget makempal ing wonten ing adicoro .... kanti mboten wonten
alangan saktunggal punopo.
sholawat lan salam mugi-migio katur kunjuk dumateng Nabi
Agung Muhammad SAW. salah satunggaling Nabi ingkang kito antu-antu syafaatipun
wonten yaumil Qiyamah lan mugi-mugio kito termasuk umat ingkang nampi
safa'atipun, aamiin allohumma aamiin.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati,
Kawulo ing mriki aminangkani talanging atur saking
Bapak ...
Sepindah ngaturaken maturnuwun atas rawuhipun poro
rawuh sedoyo kawulo sambut kanti ucapan marhaban ahlan wa sahlan bi hudzurikum.
Ingkang ongko kalih, kawulo nyuwun agunging
pangapunten mbok bilih anggenipun kawulo nampi rawuhipun kirang persiapan
saking segi papan palenggahan menopo dene pasugatan, sepindah malih kawulo
nyuwun agunging pangapunten
Ingkang ongko sak lajengipun, mbok bilih mangke
adicoro sampun paripurno, kawulo namung ngaturaken sugeng kondur sugeng
pinanggihan malih wonten ing sanes wekdal
Ingkang ongko terakhir, mbok bilih anggenipun kawulo
matur saking awal dumugi akhir kathah kelepatanipun, kawulo nyuwun agunging
pangaksami
Akhirul qouli billahittaufiq wal hidayah
Wassalamu'alaikum
wr. wb
No comments:
Post a Comment