Berikut ini contoh
teks pembawa acara / MC bahasa jawa, mohon
maaf apabila terdapat bahasa yang kurang pas/ tidak sesuai dengan tingkatan
bahasanya.
Assalamualikum Wr.Wb.
Bismillah, alhamdulillah, laahaula wala quwwata illa billah, amma ba'du.
Dumateng poro 'alim ulama ingkang kawulo mulyaaken ugi
ingkang tansah kawulo ajeng-ajeng barokah ngilmunipun.
Dumateng panjenenganipun Almukarom romo kiyai haji,
ingkang kawulo mulyaaken.
Dumateng kepala desa sak jenjang perangkatipun ingkang
kawulo taati hukum-hukum pemerintahanipun
Dumateng poro kasepuhan desa ... ugi sedoyo bapak haji
ingkang kawulo hormati
Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati
Sepindah, monggo kito panjataken raos pujo dalah puji
syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten
rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun dumateng kito sedoyo sehinggo wonten ing dalu/siang
puniko kito saget makempal ing wonten ing adicoro .... kanti mboten wonten
alangan saktunggal punopo.
sholawat lan salam mugi-migio katur kunjuk dumateng junjungan kito Nabi
Agung Muhammad SAW. salah satunggaling Nabi ingkang kito antu-antu syafaatipun
wonten yaumil Qiyamah lan mugi-mugio kito termasuk umat ingkang nampi
safa'atipun, aamiin allohumma aamiin.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati,
Kawulo ing mriki minegkani pambagi wekdal wonten ing
dalu/siang sakmeniko ananging sakderengipun adicoro dipun milai langkung
rumiyin bade kawulo waosaken runtutipun adicoro ingkang bade lumampah wonten
ing wekdal sakmeniko.
Adicoro ingkang ongko
1. pembukaan
2.wosan ayat-ayat suci alqur’an
3. sambutan
4. do’a
5. penutup
Menikolah, runtutipun adicoro ingkang bade
lumampah wonten ing dalu/siang sakmeniko,
Hadirin ingkang kawulo hormati, ningali wekdal ingkang
sampun sakwetawis dalu/ siang pramilo adicoro bade kawiwitan
1.
acoro engkang
sepindah inggih puniko pembukaan, monggo acoro wonten dalu puniko kito bikak
kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah alfatihah
2.
kito lajengaken
acoro engkang ongko kalih inggih puniko wosan-ayat-ayat suci al-Qur’an,
dumateng panjenenganipun ..... kulo sumanggaaken
Menikolah wosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugi-mugi
saget nambah lancaripun acoro wonten dalu puniko.
3. acoro engkang saklajengipun
inggih puniko sambutan, dumateng panjenenganipun bapak ....
Menikolah sambutan saking bapak... saking kawulo
namung ngaturaken maturnuwun.
4.
dilajengaken
acoro engkang kaping sekawan inggih puniko do’a dumateng bapak .... kulo
sumanggaaken.
5.
acoro ingkang
terakhir inggih puniko penutup, a nanging sakderengipun adicoro dipun tutup
saking pribadi kawulo jelas kathah kelepatanipun kawulo nyuwun agunging pangapunten,
monggo acoro ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdalah
sareng-sareng
No comments:
Post a Comment