About Me

Saya adalah anak terakhir dari 9 (Sembilan) bersaudara dan lahir dari keluarga bahagia

Saturday, January 25, 2020

Contoh Soal PAS Bahasa Jawa Kelas VI SD/MI


I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C, utawa  D kang bener!
Wacanen teks iki!
Kanggo njawab soal nomer 1 lan 2

Emoh Kalah
       Bareng Macan Tutul mati, diganti anake kang aran Gembong. Gembong iki watake beda banget karo Tutul, ngendelake kekuatane, karosane lan panguwasane. Beda banget karo Tutul
kang seneng ngayomi marang kewan-kewan wargane.Bareng wis dadi ratuning alas, Gembong nduweni kekarepan supaya kewan ing alas panguwasane padha setor pangan. Kewan-kewan padaha setor pangan, suwe-suwe kewan kang entik giliran meh entek, kari siji trewelu kang durung setor pangane.
1.      Dongeng ing dhuwur iki akeh piwulang utawa pitutur ....
A.    yen lagi kuwasa kudu ngendelake panguwasane
B.     yen lagi kuwasa aja ngendelake panguwasane
C.     yen lagi kuwasa apike sing jahil methakil
D.    yen lagi kuwasa
2.      Wacan ing nduwur klebu crita ....


A.    mite
B.     legenda
C.     fabel
D.    sage


3.      ... ingkang saweg ngawontenaken panaliten?


A.    sinten
B.     pinten
C.     wonten pundi
D.    kados pundi


4.      Bab ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika aweh pelaporan saka panaliten yaiku ....


A.    buku sumber
B.     jumlah kang diteliti
C.     asil saka panaliten kasebut
D.    ingkang meneliti


5.      Wacanen wacan ing ngisor iki kanggo njawab soal nomer 5 lan 6
Tiba Saka Sepedha
           Wektu iku dina Minggu sore. Aku bosen ing omah dhewe. Ora mikir suwe, aku njupuk
           sepedha, langsung tak genjot menyang omahe Sena. Nalika ngliwati dalan belokan,
           roda sepedhaku sing sisih ngarep kepleset. Aku ora bisa ngendalikake, sepedhaku goyang
           goyang, banjur bruk!, aku tiba ing tengah dalan.
Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?


A.    wektu iku dina Minggu sore
B.     tiba saka sepedha
C.     aku bosen ing omah dhewe
D.    aku tiba ing tengah dalan


6.      Ana ngendi tibane saka sepedha?



A.    omahe dhewe
B.     omahe Sena
C.     dalan belokan
D.    ing tengah dalan


7.      Karangan kang njlentrehake sawijining bab kanggo wong liya lumantar panjelasan proses lan ilustrasi diarani karangan ....


A.    ekposisi
B.     narasi
C.     deskripsi
D.    argumentasi


8.      Bapak nembe ... panjenengan dipun aturi nenggo sekedap


A.    lungan
B.     siram
C.     adus
D.    mangan


9.      Mbak, wetengku ngelih. Kosok baline tembung ngelih yaiku ....


A.    kembung
B.     serep
C.     wareg
D.    mules
10.      Senjatane Arjuna paringane dewa nalika tapa ana ing Gunung Indrakila yaiku ....


A.    aji panglimunan
B.     aji sepi angin
C.     panah haryasangkali
D.    panah pasopati

11.      Ali iku bocahe pinter banget. Aku krasan yen dolan karo dheweke. Kosok baline tembung pinter yaiku ....


A.    cerdas
B.     males
C.     sregep
D.    bodho


12.      Crita sing digunakake kanggo nuru-nuru bocah cilik diarani ...


A.    geguritan
B.     dongeng
C.     cerpen
D.    hikayat


13.      Tanggapan sing ora sarujuk tumrap asil panaliten bisa awujud ....


A.    tulisan kang cetha
B.     kritikan
C.     pangalembana
D.    pitakonan


14.      Tembang macapat kui cacahe ana ....


A.    7
B.     8
C.     11
D.    12


15.      Tembang pangkur  nduweni watak ....


A.    galak
B.     sedih
C.     trenyuh
D.    seneng


16.      Pangkur
Mingkar-mingkuring angkara
akarana  karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih ketata pakartining ngelmu luhung
kang tumrap neng tanah Jawa
agama ageming aji
Cacahe gatra tembang ing ndhuwur yaiku ....


A.    6
B.     7
C.     8
D.    9


17.      Karangan kanti basa kang endah minangka asiling cipta rasa karsa diarani ....


A.    dongeng
B.     cerkak
C.     cerpen
D.    geguritan



18.      Kuncoro iku bocah sing entheng tangane. Entheng tangane tegese ....


A.    seneng nyambut gawe
B.     seneng aweh
C.     tangane dawa banget
D.    seneng njaluk


19.      Permadi kui dasanamane raden ....


A.    Nakula
B.     Werkudara
C.     Yudhistira
D.    Janaka


20.  Wong sing gaweane ngarang tulisan diarani ....


A.    wartawan
B.     penyiar
C.     sastrawan
D.    editor


21.  Ukara kang ndungkap kritikan nganggo basa kang santun yaiku ....
A.    gambaranmu kuwi elek ora narik
B.     gambaranmu apik yen diwenehi maneka warna kang cerah
C.     hiasan kui pancen apik amarga sing gawe wis trampil
D.    tulisanmu mbok diapik-apikaken tetep ora diwaca
22.  Wacan non sastra iku menawi disinaoni bisa kanggo njembarake ....


A.    kawruh
B.     sinau
C.     tuladha
D.    kahanan


23.  Sadurunge gawe karangan perlu gawe cengkorongan. Cengkorongan yaiku ....


A.    parangane karangan
B.     bentuke karangan
C.     temane karangan
D.    krangkane karangan


24.  Karangan kang isine nggambarake sawijining obyek kanti trewaca diarani ....


A.    narasi
B.     ekposisi
C.     deskripsi
D.    argumentasi


25.  Adam saben mangkat sekolah mesti telat. Tanggapan kang pas kayata ....
A.    Adam keset tangi esuk dadine telat
B.     Adam bocah bodho senengane telat
C.     Adam bocah kendel wani telat
D.    Adam perlu diconto amargi wani telat

No comments:

Post a Comment